NASKAH
PIDATO
BASA
JAWA
![]() |
Kaanggit
dening :
Devin
Andiarto IX F
SMP
Negeri 1 Cluring
Tahun
Pelajaran 2014/2015
Atur
Pangiring
Puji
syukur dumateng Allah SWT, kagem sedaya nikmat lan rahmatnipun. Kula ugi
ngaturake maturnuwun sanget dening Bu. Ramini. Ingkang sampun maringi kula
bimbingan. Saengga kula saget ngrampungaken naskah pidato basa jawa ingkang gadah
irah – irahan “Hari Kartini”.
Ngrumaosi
menawi isi naskah punika taksih lebih saking sampurna, pramila pangimpun
ngajeng – ngajeng saget kersa para pemaos paring sumbang surung pamanggih
ndadoshake kasampurnanipun.
Wasana mugi – mugi Naskah Basa Jawa punika saged
gadhahj manfaat lan ugha saged dados bahan pembelajaran dening siswa – siswi
SMP Negeri 1 Cluring.
Cluring, 2 Febuari 2015
Panyerat
Assalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
Ingkang kinurmata Kepala SMP Negeri 1
Cluring
Ingkang kinurmatan Bapak /Ibu Guru lan
Karyawan – karyawati SMP Negeri 1 Cluring
Lan Pak Misnan lan Bu Ramini ingkang kula
bekteni kalian rencang – rencang kelas 9 ingkang kulo tresnani.
Ing
wekdal samenika kula bade ngaturake babagan “Hari Kartini” ing warsa 2015
menika.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji
syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo
nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged
kempal wonten niki.
Para rawuh sedaya, sampun kita
mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing
Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten
lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini
ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan
drajating priya.
Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini,
para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun
keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya.
Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.
Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini
pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para wanita ingkang
lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu Megawati
Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.
Saupami Raden Ajeng Kartini taksih
sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing wanci menika. Hak-hakipun,
sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih
menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita,
menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken.
Wanita mboten naming ing pawon.
Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati,
menawi para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken negari tuwin
agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan anggulawentah putra ing
kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari.
Kadosipun
sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun
agenging pangapunten.
Waassalamualaikum Warohmatullohi
Wabarokatuh.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar